MANTEB.com - Nasib apes dipunalami Didik, warga Tambirejo, Toroh, Grobogan ingkang dados korban perampasan saha tindak aniaya sepedha montor ing ratan ageng Purwodadi-Semarang. Wusananipun korban kecalan sepedha montor saha nandhang tatu tujesan kalih ing dhadha.
Didik kapeksa dipun rimat dening tim dokter satunggaling rumah sakit ing Purwodadi jalaran nandhang tatu nemen. Dhadhanipun korban dipun tujes kaping kalih dening pelaku. Aksi perampasan saha tindak aniaya kedadosan nalika korban wangsul saking pados kodhok ing ratan ageng Purwodadi-Semarang. Ing desa Klampok, Kecamatan Godong korban dipun cegat lajeng dipuntujes saha sepedha montoripun didik ugi dipun rampas dening tiyang ingkang mboten dipun wanuhi. Kulawarganipun korban taksih kaget saha mboten nginten menawi korban ingkang saben dinten nyambut damel pados kodhok dados korban tindak aniaya saha kekerasan. Kasus curas kasebat taksih dipuntangani pehak kepolisian Resort Grobogan. (Nur Soli - Grobogan)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 21 MEI 2013, A=69, B=456, O=440, AB=136, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
