MANTEB.com - Warga sekeng watara cacah limang ewu ing Sleman Ngayogyakarta, Kemis awan (16/8/2012) antri jrone pangeduming sembako lan zakat gratis. Warga sekeng watara cacah limang ewu ing Desa Balecatur Gamping Sleman lila antri wiwit esuk kanggo antuk sembako gratis. Pangeduming sembako gratis kasebut meh kisruh nalika sakehing wong rebutan mlebu antren amrih luwih dhisik nampa sembako.
Warga lila antri jam-jaman supaya antuk sembako gratis sak paket kang isine beras, gula pasir, teh sarta mie instan pangaji seket ewu ripuah. Racake kang antri iku mujudake pawongan lalu yuswa sarta ibu-ibu warga sekeng ing daerah kasebut. Kanggo ngawekani kisruh jrone pangeduming sembako, panitia wis aweh girik marang warga sedina sadurunge. Panitia uga tembayatan karo polisi lan aparat desa jrone nindakake pengamanan. (Andri Prasetiyo - Sleman)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 18 MEI 2013, A=77, B=486, O=546, AB=152, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
