MANTEB.com - Pangeduming zakat mall ing Semarang, kemis awan (16/8/2012) kisruh. Kisruh kedadeyan amarga gunggunge amplop kang didum panitia ora cundhuk karo gunggunge warga kang antri.
Puluhan warga kang ora sranta jrone antren pangeduming zakat mall wusanane ngrubung petugas kepolisian kang jaga-jaga lan ngedum dhuwit. Warga kang racake wanita iku rebutan dhuwit, ananging amarga amplop kang didum winates, petugas dadi repot. Wusanane sakehing warga kang durung keduman padha cuwa. Sekawit pangeduming zakat mall lumaku tertib, antren dawa wiwit esuk ing wewengkon Kota Lama ratan Letjen Suprapto Semarang dijaga sakehing petugas kepolisian. Amplop kang didum sak ora-orane cacah 700 kang isine dhuwit patang puluh ewu rupiah. Saben warga kang wis antuk amplop salah siji drijine dicelupake ing mangsi kang wis dicawisake. Bab kasebut ditindakake kanggo ngawekani warga njupuk jatah nganti ping pindho. (Suryo Wicaksono - Semarang)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 22 MEI 2013, A=30, B=421, O=359, AB=129, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
