MANTEB.com - Telung ewunan siswa SMA nglèbètake gendera cacah telung ewu ing Stasiun Sukoharjo Kota. Bab kasebut ditindakake ndungkap pengetan Kamardikan RI kang kaping-67. Kawiwitan kanthi aksi nyurung gerbong kamardikan, atusan siswa melu upacara bendera unik ing Stasiun Sukoharjo. Saben siswa nggawa gendera siji kanggo diklèbètake ing upacara kasebut. Jrone upacara unik iki uga dikibarake gendera raksasa duweke Museum Rekor Sukoharjo (Muresko). Pembina upacara kang ngadeg ing ndhuwur gerbong mimpin para peserta cacah 3000 kanggo nyanyekake lagu kebangsaan Indonesia Raya lan maca naskah Pancasila.
Koordinator aksi, Antonius Bimo Wijanarko nelakake pengetan ambal warsa Kamardikan RI tahun iki mujudake pengetan kang istimewa jalaran ngepasi padha karo dina lan sasi pasa nalika Kamardikan ing tahun 1945. Kepala Stasiun Sukoharjo, Elya Surya Winata nelakake bab iki mujudake kadadean kang unik kang sepisanan tumrap dheweke kang lagi wae ngayahi jejibahan ing stasiun kasebut. Dheweke ngaku bombong karo tekane ewon siswa ing stasiun kasebut. (Arif Nuryanto - Sukoharjo)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 22 MEI 2013, A=30, B=421, O=359, AB=129, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
