MANTEB.com - Kanggo mangerteni stok ajege rega ndungkap bakda, Bupati Bantul nggelar sidak rega sembako ing pasar-pasar tradisional. Sanajan ana undak-undakan rega ananging bupati mesthekake nganti bakda sesuk pasudhiyan sembako aman.
Pasar Tradisional Imogiri dadi tujuan sidak sepisan dening Bupati Bantul, Sri Surya Widati lan jajarane. Jrone sidak Bupati kepengin ngawat-awati kanthi langsung rega kabutuhan-kabutuhan pokok ngiras pantes pasudhiyane. Bupati mesthekake stok kabutuhan bahan pokok aman, sanajan ana undhak-undhakan rega. Rega beras jinis IR 64 ajeg pitung ewu nganti pitung ewu limangatus rupiah saben kilo. Rega gula pasir uga isih ajeg 11.000 rupiah saben kilo, sawetara rega gula jawa malah dhuwur antarane 14.000 tekane 15.000 rupiah saben kilo. Dene daging sapi didol 72.000 saben kilo utawa mudhun saka dina padatan. Dene daging pitik isih ajeg 26.000 rupiah saben kilo. Sakehing bakul tahu lan tempe nganti seprene isih sambat rega dhele kang larang kang wektu iki nggayuh pitung ewu nem atus saben kilone. Kanthi rega iki perajin tahu tempe ngaku bathine sithik banget, malah kadhang kala dagangane isih sisa satemah nandhang kapitunan. (Purwanto - Bantul)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 22 MEI 2013, A=30, B=405, O=333, AB=131, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
