MANTEB.com - Miras 12.000 liter saka maneka jinis dimusnahake dening Polres Sukoharjo. Miras kasebut mujudake asil operasi pekat candi ndungkap sasi suci romadhon lan idul fitri.
Miras ewon liter kang diwadhahi botol lan plastik dimusnahake kanthi cara diplindhes piranti abot. Sawetara miras kang diwadhahi jerigen lan drim plastik dimusnahake kanthi cara disuntak ing jogangan. Miras kasebut mujudake asil operasi pekat kang digelar ing saperangan wektu iki dening Polres Sukoharjo. Kajaba miras, sadurunge Polres Sukoharjo uga wis mushakane puluhan ewu mercon kanthi cara dicelupake banyu lan dipendhem. Kapolres Sukoharjo, AKBP Ade Sapari nelakake, miras gunggung 12.000 liter kasebut racake miras jinis ciu. Miras kang dimusnahake kapilah saka drim palstik cacah telu, jligen gedhe cacah telung atus telung puluh telu, kemasan banyu mineral watara cacah sewu rong atusan, vodka cacah limang atus seket pitu, anggur merah cacah pitu likur botol, anggur putih cacah telung puluh loro botol lan miras black label cacah teluh puluh loro botol. Kapolres ngajab kanthi operasi kang ditindakake bakal kawujud iklim kondusif jrone romadhon lan bakdo ngarep. Kapolres nelakake sejatine miras jinis ciu mujudake bahan baku alkohol kang durung dadi. Racake mung mujudake sulingan sepisan kanthi kandhutan alkohol telung puluh persen. Dening perajin, bahan kasebut disalah gunakake kanthi didol lan diombe. Anggone musnahake miras ditindakake ing tilas gedung atrium Solobaru kanthi ditekani kabeh jajaran Muspida Sukoharjo. (Arif Nuryanto - Sukoharjo)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 18 MEI 2013, A=77, B=486, O=546, AB=152, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
