MANTEB.com - Sawijine toko busana muslim ing Ratan Affandi Depok Sleman disatroni maling. Pelaku kasil nggawa mlayu sandhangan rong karung kanthi pengaji puluhan yuta rupiah. Pelaku uga kober ngincim salah sijine kang jaga toko kang ngonangi aksine.
Aksi curat utawa colong jupuk kanthi pemberatan kadadean ing sawijine toko busana muslim ing Ratan Affandi Depok Sleman. Toko Hasanah Griya Muslim disatroni maling dina kemis (26/7) wayah gagat bangun esuk utawa bar wektu subuh. Pelaku mlebu toko kanthi cara njugil lawang ngarep. Pelaku banjur mecah kaca kang ana mburi lawang. Sawise kasil mlebu, pelaku banjur ngobrak-abrik laci meja lan lemari kang ana ing njero toko. Pelaku uga nggawa mlayu sandhangan rong karung. Sawetara gunggung kapitunan amarga colong jupuk iki kakira nggayuh 80 yuta rupiah. Salah sijine kang jaga toko kang weruh aksine pelaku ora bisa tumindak apa-apa jalaran diincim bakal dipateni manawa nganti mbengok utawa lumawan. Saka rekaman kamera CCTV katon pelaku kang mlebu wong siji. Dene wong loro liyane ngenteni ing njero mobil kang wis dicawisake sadurunge. Nganti samengko polisi isih mburu para pelaku kang ciri-cirine wis dimangerteni dening petugas. (Andri Prasetiyo - Sleman)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 17 JUNI 2013, A=338, B=675, O=551, AB=148, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505 BAGI YANG INGIN MENDONORKAN DARAH DAPAT LANGSUNG MENDATANGI KANTOR PMI CABANG SOLO JL KOL. SUTARTO NO 58 JEBRES SURAKARTA
