- Kampanye Dialogis, Bibit Waluyo Nyuwak Kembet Korupsi Dana Bansos
- Polusi Udara Proyek Ratan Boyolali-Klaten, Bocah-Bocah Kaancam Radang Otak
- Nyuwak Undhak-Undhakan BBM, Mahasiswa Nggelar Aksi Turu Ing Ratan Gedhe
- Ewon Warga DIY Nindakake Kirab Laku Lan Donga Kebangkitan Nasional
- Kampanye Ganjar-Heru, Lalulintas Pasar Bunder Macet
MANTEB.com - Nom-noman cacah loro pelaku aksi jambret ing Ratan Sultan Agung kang anjalari tiwase korban kang lagi ngandhut pitung sasi wusanane kasil dicekel petugas Polrestabes Semarang. Kajaba tersangka, polisi uga ngamanake handphone loro duweke korban lan pit montor kang digunakake jrone aksine.
Tersangka cacah loro kang mujudake pelaku jambret Adi Andreas warga Tambak Boyo, Siwalan Semarang lan Sofiudin, warga Tlogosari Wetan, Pedurungan, Semarang kasil dicekel ing papan kang beda. Jrone aksi jambret kang ditindakake pelaku sesasi kepungkur, korban kang mujudake wanita kang ngandhut pitung sasi tiwas sawise tiba saka pit montor kang wektu iku ditumpaki. Aksi jambret kedadeyan nalika korban liwat ing Ratan Sultan Agung Semarang. Adi minangka pemetik dene Sofi minangka joki. Korban kang numpak pit montor ijen dipepet kekaro pelaku. Kanthi cepet Adi nggèrèt tas duweke korban nganti mahasiswi kang lagi ngandhut pitung sasi iku tiba lan sirahe ketatap aspal ratan satemah dadi lan tiwas. Ing sangarepe polisi, para tersangka kang wis kaping telu nndakake aksi jambret iki ngaku menawa aksine iku ditindakake amarga kepepet butuh dhuwit kanggo tuku susune anake. Kasus iki kawiyak kawiwitan saka pangrembakane saperangan kasus kang dipikantuki saka sawijine Polsek jrone sesasi lan polisi wusanane kasil mikut tersangka. Kajaba ngamanake tersangka, polisi uga ngamanake handphone loro duweke korban lan pit montor duweke pelaku kang digunakake kanggo ngrancagake aksine. Awit saka tumindake, tersangka kajiret pasal 365 lan 368 bab colongjupuk kanthi kekerasan kanthi ancaman paukuman kunjara 15 tahun. (Suryo Wicaksono - Semarang)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 21 MEI 2013, A=69, B=456, O=440, AB=136, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
