MANTEB.com - Tradisi padusan padatan kerep ditandhani kanthi kramas nggunakake shampoo. Nanging kepiye menawa kramas nganggo lempung ?. Ing sawijine desa ing Kabupaten Temanggung warga nindakake pakulinan kang nyleneh yaiku kramas nganggo lempung. Warga percaya tradisi kramas nggunakake lempung kang mujudake warisan leluhur kasebut bisa nguwatake oyod rambut lan ngilangi sindap sarta ngawekani rambut rontok.
Kramas nggunakake lempung dudu mujudake prekara kang nyleneh tumrap saperangan warga ing Desa Klodran, Kecamatan Nggemawang, Kabupaten Temanggung. Tradisi iki wis ana puluhan taun. Saperangan warga isih nindakake tradisi kasebut kalebu nalika padusan ndungkap romadhon. Lempung kang digunakake dening warga kanggo kramas ora mujudake lempung padatan. Lempung kanthi werna putih mung ana ing Desa Klodran. Padatan warga nggolek lempung ing tegalan. Sadurunge digunakake kanggo kramas, luwih dhisik lempung kasebut disiram nganggo banyu. Sawise dadi jladren, banjur langsung digunakake warga kanggo kramas. Carane kramas uga prasaja, mung digosok-gosok kaya dene kramas nggunakake shampo banjur digebyur kanthi resik. Miturut Endro, kramas kanthi nggunakake lempung padha resike karo kramas nggunakake shampoo. Sanadyan ora munthuk nanging kramas nggunakake lempung luwih cocog ing sirah. Miturut sawijine warga Klodran, Sarwiyah, kramas nggunakake lempung mujudake tradisi run tumurun wis ana wiwit jaman leluhure Desa Klodran. Dheweke percaya lempung bisa nguwatake oyod rambut lan ngilangi sindap sarta ngawekani rambut rontog. (Rahardian Setiawan - Temanggung)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 18 MEI 2013, A=77, B=486, O=546, AB=152, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
