MANTEB.com - Satuan Polisi Resort Grobogan kasil ngamanaken setunggaling buruh bangunan ingkang nembe nyabu. Polisi mikut tersangka nalika nembe nyambut damel. Saking tersangka, polisi ngamanaken sabu kristal setunggal paket. Tersangka Dwi Hariyanto, warga Teguhan Grobogan dipun amanaken nalika nyambut damel ing salah setunggaling proyek sarta nembe ngangge sabu kristal. Adedasar katranganipun tersangka barang kharam kasebat dipun pikantuki saking kancanipun tersangka ing semarang kanthi tumbas bathon sangang atus ewu saben gram.
Samangke Polres nembe nguyak tiyang kalih ingkang mlajar ingkang mujudaken kancanipun tersangka. Tersangka kaancam kajiret Undang-Undang Psikotropika nomer kalih tahun kalih ewu pitu kanthi ancaman paukuman kunjara sedasa taun. (Nur Soli - Grobogan)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 22 MEI 2013, A=30, B=405, O=333, AB=131, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
