- Kampanye Dialogis, Bibit Waluyo Nyuwak Kembet Korupsi Dana Bansos
- Polusi Udara Proyek Ratan Boyolali-Klaten, Bocah-Bocah Kaancam Radang Otak
- Nyuwak Undhak-Undhakan BBM, Mahasiswa Nggelar Aksi Turu Ing Ratan Gedhe
- Ewon Warga DIY Nindakake Kirab Laku Lan Donga Kebangkitan Nasional
- Kampanye Ganjar-Heru, Lalulintas Pasar Bunder Macet
MANTEB.com - Sakehing warga Desa Sendangrejo, Kecamatan Tayu, Pati nutup ratan kang rusak nemen amarga ora enggal didandani. Tanduran wit sarta watu gedhe diselehake ing sauruting ratan. Wis pitung sasi luwih Ratan Gedhe Tayu-Jepara rusak. Kang paling nemen mapan ing Desa Sendangrejo, Kecamatan Tayu. Warga kang muntab kepeksa nutup ratan kanthi nyelehake sakehing tanduran, wit-witan sarta watu gedhe ing tengah ratan. Sawijine warga, Warsito nelakake bab kasebut kepeksa ditindakake jalaran ora ana kawigaten saka pamarentah. Rusake ratan kang dawane nganti pitung kilometer luwih iku miturut dheweke amarga kerep diliwati trek kanthi momotan kebak matrial saka perusahaan selepan watu.
Muntabe warga sansaya ndadra amarga para sopir kendaraan abot kerep liwat banter. Warga ngajab pamarentah apa dene pengusaha selepan watu enggal tumindak kanggo ngawekani ratan rusak amarga kahanan iki bakal ngganggu aktifitase warga. Apa maneh menawa udan ratan sansaya rusak satemah bisa anjalari kacilakan. (Hasanuddin - Pati)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 21 MEI 2013, A=69, B=456, O=440, AB=136, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
