MANTEB.com - Watara nem sasi kepungkur, Forum Konservasi Penyu Bantul ngopeni penyu jinis sisik cacah loro kang kesangkut jaringe misaya mina. Amarga lara, penyu-penyu kasebut nuli dirumat lan ditambani nganti samekta diuculake maneh. Saka penyu sisik cacah loro kang kapetung kewan langka iki, kang siji wis mari lan samekta diuculake. Anggone nguculake penyu ditindakake langsung dening Kepala Balai Konservasi Sumber Daya Alam Provinsi DIY Heri Subagiyadi; Aktifis Forum Konserasi Penyu Bantul, Rujito lan disekseni jajaran Muspika.
Miturut Rujito, penyu kang bobote watara 30 kilo iki wis samekta diuculake amarga wis mari. Dene kang siji isih diopeni. Kepala Balai Konservasi Sumber Daya Alam Provinsi DIY, Heri Subagiyadi nelakaken, kridha iki minangka salah sijine pambudidaya nglestarekake kewan langka. Dene pawadane penyu kasebut wis meh punah lan wektu iki diayomi dening undang-undang. Nganti wektu iki, pehake wis nengarani anane pambudidaya mburu lan mateni penyu jinis iki. (Purwanto - Bantul)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 18 MEI 2013, A=77, B=486, O=546, AB=152, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505
