MANTEB.com - Tunjangan sertifikasi guru ing Bantul kang kudune dirapel telung sasi lagi dibayar rong sasi ing triwulan sepisan amarga winatese anggaran. Nanggepi bab iki, Dinas Pendidikan Dasar Bantul bakal nakokake langsung menyang Jakarta. Pehak Dinas Pendidikan Dasar Kabupaten Bantul wis ngirim layang edaran menyang saben UPT ing kecamatan gegayutan karo panyaluring tunjangan sertifikasi guru SD lan SMP kanggo triwulan sepisan iki mung bisa dibayar rong sasi.
Kepala Dinas Pendidikan Dasar, Sahari nelakaken, sisa sesasi bakal dibudidaya diudhunake ing triwulan sabanjure. Sahari negasake, masalah iki kadadean amarga dana kang diwenehake pamarintah pusat mung cukup kanggo mbayar rong sasi. Dana tunjangan sertifikasi kang diusulake dening Bantul diwenehake marang guru cacah telung ewu limang atus sangang puluh lima ing triwulan sepisan lagi disalurake 24,05 miliar rupiah kanggo rong sasi. Sawetara kabutuhan riil kanggo usulan wong 3.595 akehe 35 miliar rupiah. Kabutuhan anggaran kanggo sertifikasi ing Bantul 52 miliar rupiah. Sawetara dana kang ana mung 50,382 miliar rupiah, satemah dana tunjangan sertifikasi dibayar rong sasi dhisik. Sawise nindakake koordinasi karo Dinas Pengelolaan Keuangan dan Aset Daerah, sabanjure Dikdas bakal nakokake langsung menyang Jakarta. (Purwanto - Bantul)
INFO STOK DARAH PMI SOLO 19 JUNI 2013, A=338, B=675, O=551, AB=148, INFO LEBIH LANJUT DAPAT MENGHUBUNGI PMI SOLO TELP. (0271) 646505 BAGI YANG INGIN MENDONORKAN DARAH DAPAT LANGSUNG MENDATANGI KANTOR PMI CABANG SOLO JL KOL. SUTARTO NO 58 JEBRES SURAKARTA
